21 Agu 2015

Surat Soekarno Buat Haryati

Yatie adikku wong ayu,
Iki lho arloji sing berkarat kae. Kulinakna nganggo, mengko sawise
sesasi rak weruh endi sing kok pilih: sing ireng, apa sing dek mau
kae, apa karo-karone? Dus: mengko sesasi engkas matura aku (Dadi:
senajan karo-karone kok senengi, aku ya seneng wae).


Masa ora aku seneng! Lha wong sing mundut wanodya pelenging atiku kok!
Aja maneh sekadar arloji, lha mbok apa-apa wae ya bakal tak wenehke.


Tie, layang-layangku ki simpenen ya! Karben dadi gambaran cintaku
marang kowe kang bisa diwaca-waca maneh (kita baca bersama-sama) ing
tembe jen aku wus arep pindah-omah sacedake telaga biru sing tak
ceritake dek anu kae. Kae lho, telaga biru ing nduwur, sak nduwure
angkasa.


Coba tutupen mripatmu saiki, telaga kuwi rak katon ing tjipta! Yen ing
pinggir telaga mau katon ana wong lanang ngagem jubah putih (dudu mori
lho, nanging kain kang sinulam soroting surya), ya kuwi aku, — aku,
ngenteni kowe. Sebab saka pangiraku, aku sing bakal ndisiki tindak
menyang kono, — aku, ndisiki kowe!


Lha kae, kembang semboja ing saknduwure pasareanku kae, — petiken
kembang iku, ambunen, gandane rak gandaku. Dudu ganda kembang, nanging
sawijining ganda kang ginawe saka rasa-cintaku. Sebab, oyote kemboja
mau mlebu ing dadaku ing kuburan.
Masmu
(Ir. Soekarno)

--


© Copyright - All Rights Reserved

Tidak ada komentar:

Posting Komentar